Jaman SMA ki pancen wayahe bocah ugal-ugalan. Demen dolanan, demen guyonan. Kadang nyeleneh lan ngguyokke. Apa maneh yen wis kumpul karo kanca, lali madhang, lali turu, apa maneh sinau. Wis, adoh tenan saka pengangen-angen.
Aku karo kanca sing akrab banget. Kanca sak bangku ana kelas. Seka kelas siji tekan kelas telu. Ora tau pisah. Anehe, yen nggolek lungguhan mesti sing mburi dewe. Ndadak, kesenengane kok ya pada. Nonton pelm action. Kui lho, jagoan sing doyan tendang-tendangan, jotos-jotosan, pentung-pentungan, kepara piting-pitingan, uga cokot-cokotan, tur mesti menang.
Kliwon, ngana jenenge kancaku. Asline mono gagah banget, Dwi Kuncoro Langen Jati. Embuh artine apa, pokoke apik tenan dirungokne kuping. Merga kabotan jeneng –jare mbah dukun- njur diganti kliwon. Saka cukur kuncung, dikalungi bawang, nganti sikil digelangi kawat bendrat. Ning ya mari tenan. Aneh. apa dukune sing pancen sekti, apa wong tuane sing goblok, wis rasah di bahas. Jare mbah dukun –jare maneh, pancen enak yen crita nganggo ukara jarene, ora kena disalahke- kuwi mau kanggo syarat kang awujut jimat. Asile saka ruwat. Adus empon-empon malem jumat kliwon.
Ngerti ta empon-empon? Iku, kembang pitung rupa cacahe. Di rendem banyu panas, njur dingo adus tengah wengi.
Kedadean iki tak alami nalika munggah kelas telu. Ya wis mesti saka kelas roro ta, masak kelas siji. Yen kelumpat siji langsung telu, ndak disengeni depdikbud. Aku sak kloron jane mono ya pinter, ra bakalan keteter langsung munggah kelas telu. Ning, ora oleh, mesti wae.
Aku lan kliwon pada dene kaweden utawa jireh yen kudu nyeraki bocah wadon. Ning, kanggo tes mental, aku sak kloron di wanek-wanekke nyoba kenalan karo cewek. Ayu tenan, kuliti putih, rambute potong cendak –ning ora brondhol lho- ndadak anake wong sugih pisan. Wis jan, tantangan abot ki.
Wiwik, arane cah wadon mau. Ndilalah kersanengalah, bocahe ki grapyak, semanak. Njur, pamburine sipat sing enak kuwi mau ndadekna aku lan kliwon salah sangka. Dikirane seneng. Ning durung jelas sapa sing dipilih.
Wis, rasah di jlentrehake. Singkate crita, aku lan kliwon janjian arep teka ana omahe wiwik. Dina minggu, wayah sore bar ashar. Aku sak kloron apel. Gayane manteb tenan. Numpak motor Honda 70 sing sepedo metere mung tekan angka pitung puluh. Operane gigi mung tekan telu. Kelingan ta karo montor iki? Rupane abang, bensine mung amot rong liter setengah.
Kathokku cutbray model kaya sing kerep dingo A-Rafiq –penyanyi dangdut. Sing isa dinggo nyapu ratan yen mlaku. Dene kliwon, clanane model baggy. Iku lho, sing ngisor cuilik, njur bokonge kombor, bokonge katon tepos. Kaose sragam olahraga kelas siji. Rupane putih asline, nig wis dadi semu kuning. Keseringen di pe ana srengenge. Arep nganggo kaos liyane ora nduwe. Jan, kere tenan koq. Ya iki sing ndadekna kurang pedhe yen arep nyeraki cah wadon.
Tekan ngarep lawang, mak jegagik. Sing mbukak jebule dudu wiwik. Ning Kenya ayu kinyis-kinyis, ndadak raine alus banget, alise celaan mlipis, lambene, weleh-weleh. Apa maneh eseme, marai nggeblag temenan. Ngana maneh, ayune katon alami banget. Karo wiwik ora ana miripe babar blas. Apa ya tumon, wiwik turun seka bapakne kabeh?
“kulo nuwun mbak. Badhe kepanggih wiwik, wonten?” ngana basaku mlipis. Jan sopan tenan yen mertamu nggonge wong ayu. Ngalah-ngalahke arep njilih duwit. Beda adoh karo wong nagih utang. Bengis.
“oh, wonten mas, mangga mlebet. Dipun tengga sekedhap kulo celukke”, uedan, suarane empuk temen. Njur, mbalik memburi, tumuju pawon. Wuih, bokonge. Hayoo, aja ngiler.
Aku wis ana feeling, mesti kliwon ora sida ngesir wiwik. “milih mbakyune ki mesti” batin atiku.
Sak wetara di tinggal mamburi, aku wong loro ana ruang tamu. Celingak-celinguk kagum karo ruangan sing apik temata. Sinambo jagongan bisik-bisik.
“yaw is won, kowe wiwik, aku mbakyune” kandaku ora gelem kedhisikan.
“emoh, kowe sing kawit wingi ngebet wiwik koq”
“ora sida wis, nggo kowe wae” aku moh kalah.
“ya wis, manut. Nggo kowe. Wiwik ya ra elek koq. Ning aja mbalela loh ya?” ujare kliwon pasrah. Ning, ndadak nganggo syarat barang. Iku mung isa-isane kliwon wae. Cethane ki, yen di sawang saka prejengan genah kalah bagus karo aku. Aku ya wis modal bensin barang.
Jebule, pas wiwik metu. Lah kok, ana ngomah elik ngene. Ayune mung pas nganggo sragam sekolah. Aku lan kliwon jawil-jawilan. Critane, klowon emoh karo wiwik, pengine mbakyune. Aku semana uga. Ning, perjanjian wis ketok palu. Ora kena di ralat.
Suwe ning suwe, kliwon akrab banget karo wiwik. Aku sengaja jaga jarak, bene klowon ana kesempatan. Soale, yen aku agresif, mesti wiwik milih sing bagus ta? Mesakne kliwon.
Ndilalah, saka crita ngalor ngidul, jebule oh jebule. Mbak-mbak sing mbukak lawang mau dudu mbakyune wiwik. Nanging ibune! Blai tenan.
Oalah won, kliwon. Kok ya apes nemen aku. Ndadak kok ya wiwik uga seneng karo kliwon, minggu ngarep janjian apel maneh. Keconangan banget sak wise aku ngomong “wik, aku oleh dikenalke karo mbakyumu?”
Aku ngakoni wis, yen ruwatan lan ganti jeneng pancen nggawa kabegjan. Aku sesuk ya tak ganti jeneng, dadi pahing. Aku emoh nyeraki mbokne, isa di gorok karo bapakne wiwik mengko.
“wis manak semana gedhene kok ya isih ayu, apa rabine umur sepuluh tahun pa ya?” guyonku karo kliwon, liya wektu.
Rabu, 27 Agustus 2008
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
2 komentar:
ya iya lah mas .. pasti cantik ibunya.. secara.. ibunya penuh polesan.... wiwik nya masih... lugu gitu..... hihihi..
hoho lucu2... :D
udah lama nggak baca cerita jawa.terakhir kelas 3 SMP.kan SMA ngga ada pelajaran basa jawa
Posting Komentar