ps : Untuk yang gak ngerti bahasa “masa kecilku”, ada translate dalam bahasa Indonesia dalam postingan di blog satunya : http://oyotgatelpalungsalwangga.blogspot.com
Yen wis titi wancine para manungsa
Tumekan pesthene entek kontrake
Jatah umur saka Gusti sing kuwasa
Wis patrape sing arane manungsa
Asipat apik utawi ala
Ling paneling luwih utama
Kejaba ngumbar nepsu angkara murka
Srakah ngudi seneng sak wetara
Lali mring kabegjan sing luwih temata
Rungakna kandaku,
Tanpa guna emas picis raja brana
Sandangan mlipis, ageman sarwo edi busana
Ditinggal kabeh, kejaba selembar gombal putih
Among polahmu sing ndadekna adhem kaya warih
Lakumu kairing udan tangis
Tumpakaanmu kereta jawa
Rodane saka manungsa
Kang arane keranda
Tumuju lemah sing wis tuwa
Ora ana kasur, bantal, guling utawa kemul
Ora ana lawang, cendila utawa bolongan semilir
Sanajyan ngalor, ngidul, ngulon utawa ngetan
Among siji sejatine dalan tumuju
Anggep wae geguritan
Ora ana calon dokter, pilot utawa insinyur
Apa maneh montor mabur
Anane mung siksa kubur
Ditinggalna bojo ayu
Nyenengke wong sing nemu
Ditinggalna banda akeh, sugih brewu
ora bakal dijak mlaku-mlaku
salah kaprah,
anak kadang lan para sedulur penthung-penthungan
cokot-cokotan rebutan warisan
elingana, urip wong sak drema idep
mancik mripat, manis.
Begitu rontok, tiada dilirik
Minggu, 24 Agustus 2008
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar