Ana ing wayah ngene, mangsa ketiga. Ngayogyakarta sisih wetan, katon sumringah. Najyan godhong-godhong pada kleleran ana lemah, mobat-mabit kesapu angina. Wit-wit pada mranggas, kayata wanita tanpa busana. Nyeni, elok, edi, peni, kasawang mripat adhem.
Ana ndesa kene, aku wis biasa yen wayah sore, nglaras ana empe omah. Ngrungokke gendhing jawi utawa dangdut koplo. Apa maneh malem minggu ngene. Dhewekan, ora ana sing ngaplei. Jare kanca, rupaku ya ayu. Paling ora, manis lah. Jarene budhe. Nanging, kanca priya durng ana sijio sing nyedhaki. Apa merga aku seneng dhewekan?
Ujare mbokku, aku ini pancen Kenya sing kuper, isinan, lan senengane nyempil ana kamar tinimbang kluyar-kluyur ora ana juntrunge. Priye maneh, aku mung sak drema ngelingi dhawuhe kanjeng nabi. Wanita iku luwih becik ana ngomah, ndak marahi ndadekna pitnah. Merga, aja maneh wangi ambune awak, utawa kemlambehane tangan sing luwes, apa maneh lenggak-lenggok bokong sing goyang ora sengaja yen mlaku. Dene, suaranane wae aurat.
Aku dadi kelingan, tahun-tahun kapengker, wayah isih ana udan. Kanca jaman SMA biyen, nate kebetheng wektu njileh buku. Wayah wis ngarepake surup. Ora tega yen peteng-peteng kudanan, bapak njur ngancani bonah lanang mau ngobrol sinambi ngenteni udan mandeg. Nanging kok suwi, ora terang-terang. Malah kayane ngece, delok rintik, delok grimis, delok maneh byur-byak banyu kaya di sok saka langit.
Wayah semana, bapak njur akon aku supaya ngancani bocah mau. Ya wis, wong loro jagongan. Sinambi dolanan banyu ithir-ithir sing tiba saka tritisan, guyon cilik-cilikan kaselip ana ing antarane geguritan. Ya kuwi, pisan aku rumangsa ngrasakke seneng jagongan karo priya. Ana njero ngomah, bapak ngrungokne kaset Didi Kempot, kumpulan dandut koplo. Pas banget, lagune “Lingsir wengi”. Bapak leyeh-leyeh, merga sedina muput nyambut gawe ana sawah. Macul pari sing wis arep mrekatak.
Eh, ndadak kok aku nduwe pangajab. “ah, mbok iya, udan iki rasah terang. Aku kaya ora lila yen wekti iki cepet entek”, ngana batin atiku. Lah, ya embuh. Wektu kuwi apa sing tak rasakke. Sing mesti, kawit saiki aku ngarep-arep banget anane priya sing wektu iku tak kancani.
Saiki, wis luwih sepuluh tahun. Aku tansah pengin mbaleni krungu lagu kuwi maneh. Nanging, rasane lan swasanane kok wis beda. Priya iku, wis adoh papan dununge. Kabare wae ora nate keprungu. Sing isih ana mung warisan kaset bapak “Lingsir Wengi”.
Lingsir wengi
Sepi durung bisa nendra
Ka goda mring wewayang
Kang nglelidu ati
Nalikane, mung sembrana
Njur kulina…
Rabu, 27 Agustus 2008
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
1 komentar:
kang kulo ajeng kuote artikel sampean kagem sinau basa jawa rencang2 dateng http://www.kaskus.us/showthread.php?t=6314044
angsal nggih
Posting Komentar